Menu

Slide

Monday 13 February 2017

Contoh Sesorah Bahasa Jawa



Kali ini saya ingin berbagi ilmu buat teman2 semua yang ingin belajar bahasa jawa. Siapa tahu teman2 lagi mencari referensi sesorah buat sekolah ataupun hanya ingin buat belajar. Sebelum ke pokok bahasan, Apa sih Sesorah itu? Sesorah disebut juga Medhar Sabda, di dalam Bahasa Indonesia kedua kata tersebut memiliki arti yang sama yaitu Pidato.
Kata Sesorah atau medhar sabda dalam bahasa Indonesia berarti menyampaikan sebuah gagasan atau informasi dengan cara mengucapkannya di depan banyak orang untuk tujuan tertentu.
Langsung saja ini dia sesorahnya temann ..


Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Bapak pangarsa pawiyatan ingkang satuhu kinabekten, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA N 1 Pakem ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken puji soho syukur wonten ngarsa Allahn SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, karohmatan soho hidayahipun, katitik panjenengan sedaya lan kula taksih dipun keparengaken kempal wonten ing papan menika ndherek mangayubagyo adicara ambal warsa kamardikan ingkang kaping 70 tahun kanthi winantu karaharjan. Wonten mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema inggih menika Kamardikan Republik Indonesia.
            Panjenengan sedaya mangertos, bilih atusan warsa Indonesia dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged merdika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten jum’at tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepiling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pangurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa Indonesia..
            Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan menika. Pramila saking menika, panjenengan sedaya lan kula tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa Indonesia menika dados bangsa ingkang langkung sae.
            Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, kathah klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
            Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Terimakasih sudah mampir, semoga bermanfaat buat teman2 yang membutuhkan.

No comments:

Post a Comment